Jumat, 22 November 2013

Urip Kuwi Lakon

Urip kuwi lakon
dadi kabeh kuwi kudu dilakoni
opo wae samubarang kang bakal di tompo
dilakoni

abot entheng
angel susah
gampang seneng
ati ayem ati tentrem

sugih mlarat
padang peteng
gede cilik
adoh cedhak

urip kuwi sak dremo
opo kang dipawehi
opo kang diparingi
opo kang kudhu dicandaki

kabeh kuwi wes ono pepesthenane
opo kang thok tumindakake
opo kang thok lakoni
kabeh mengko mesti katut ono ing pamburine

babagan lelakonmu nduk
kabeh ngerti kuwi dudu barang entheng
dudu barang gampang

ora pendhak uwong iso
ora pendhak uwong gelem
ora pendhak uwong tekan

wes abot ora ono opahe
wes angel ning dho di paido
adoh tur yo tetep kudu dilakoni

mlakuo nduk
dalanmu isih dowo

lakonmu isih okeh
pathing klarah
sak paran-paran
sak wayah-wayah

abote rogo
abote awak
abote balung

isoh ketutupen entheng angger ora abot panggonmu "sir"
"sir" mu kang sumeleh kuwi
bakal ngangkat sak kebehe rosomu kang abot

sing marake abot kuwi kabeh howo nefsumu
yo kabeh kepinginanmu pangananmu
lakumu sing thok rasakno abot kuwi

kudune
sak mestine
kabeh kuwi kudu digowo entheng
diuculi kang ora kudu digowo

piranti sing ora diperlokake
sing ngabot-ngaboti tinggalno
uculone


pasrahno kabeh neng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi

ireng
abang
ijo
petheng loro
entheng
susah
lan sakkabehe
ora sah digowo
rasah dicandaki
culno kabeh

tandangono opo kang dadi kewajibanmu
opo kang kudu thok tandangi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar